MULA
BUKANE ANANE DESA KRACAK
Neng wektu kae, Kerajaan Galuh
Pakuan (Pajajaran) lagi dipimpin neng Adipati Munding Wilis. Kerajaan Galuh
Pakuan lagi kenang kekeringan sing gedhe. Wargane urip sengsara. Neng kedadean
kaya kue, bojone Adipati Munding Wilis sing lagi mbobot njaluk digoletna daging
kidang sikile putih. Adipati ora bisa nolak jalukane bojone sing lagi mbobot
kuwe. Langsung bae sang Adipati lunga sekang alas karo para punggawane. Dheweke
numpak jaran sing jenenge Dawuk Mruyung. Wis suwe digoleti, kidang sikil putih
ora bisa ditemui, akhire pada tekan perkampungan para perampok.
Kampung perampok kuwe dipimpin neng
Abulawang. Sawise ngerti sekang anak buahe sing teka yakuwe Adipati Munding
Wilis lan punggawane sing nggawa gawan sing akeh, dheweke terus nyiapna
pasukan. Dheweke pengin ngrampas gawane sang Adipati. Akhire perang kedadean
antara pasukan Adipati lan pasukan Abulawang. Perang kuwe dimenangake neng
Abulawang, Adipati lan punggawane dikon bali meng kadipaten Galuh. Sang Adipati
bali karo mlaku, sebabe jarane ditawan. Abulawang seneng olihna harta rampasan
sing akeh banget.
Setekane neng kadipaten, sang
Adipati langsung nemui bojone. Langsung susahe dadi senenge, bojone wis
nglairake anak sing bagus. Anak kuwe nduwe tanda lair neng lengen tengene
wujude “belong” toh wisnu.
Bungahe ora suwe dirasakna.
Ijig-ijig Abulawang karo pasukane nyerang kadipaten Galuh Pakuan. Kadipaten
porak ponanda kabeh harta ludes dirampok neng Abulawang. Anake sang Adipati
sing nembe lair umure patang dina digawa. Adipati lan bojone dadi bingung.
Akhire dheweke dibantu neng Ki Juru Taman, pembantu kadipaten kanggo nggolet
anake ing wilayah kadipaten. Akhire ana sing aweh ngerti anake digawa neng
Abulawang. Adipati lan bojone mutusna kanggo nggoleti anake. Nganggo klambi
kaya rakyat biasa, Adipati lan bojone ngrubah jeneng dadi Ki Sandi lan Nyai
Sandi.
Neng bukit Mruyung Abulawang lan
bojone bungah. Seliyane olih harta, terus olih anak. Wis suwe Abulawang lan
bojone pengin duwe anak. Abulawang lan bojone ngangkat bocah kuwe dadi anake
lan dijenengi Jaka Mruyung.
Jaka
Mruyung terus dadi gedhe, dheweke olih pesen sekang Abulawang supaya ora metu
sekang daerah Mruyung. Tapi, kepenginane lan bosen ndadekna dheweke pengin
ngembara. Jaka Mruyung lunga tanpa pamit. Dheweke numpak Dadung Awuk. Jaran
sing tau dirampas sekang Adipati Munding Wilis. Anak buah Abulawang sing ngerti
cepet ngudag Jaka Mruyung. Nanging, Jaka Mruyung ora kena diudag.
Jaka Mruyung lunga maring ngetan
nglewati alas-alas, tekan akhire dheweke nemukna umah cilik. Dheweke mampir
neng umah kuwe. Umah kuwe duwene Ki Mranggi, bekas prajurit Majapahit. Karo
bungah Ki Mranggi nrima tekane Jaka Mruyung. Jaka Mruyung dutawari kon netep
neng kana. Jaka Mruyung gelem. Dheweke dianggep outu Ki Mranggi. Neng Ki
Mranggi, dheweke diajari maca, nulis, olah keprajuritan, bela diri lan ilmu
kanuragan. Sawise derasa ilmune cukup, Jaka Mruyung cepet-cepet pamitan.
Wis pirang-pirang dina Jaka Mruyung
mlaku. Dheweke ngaso neng padang rumput sing amba. Dheweke nglanjutna mlakune.
Ing tengah-tengah mlakune dheweke ketemu pemuda jenenge Tlangkas. Tlangkas aweh
ngerti Alas Pakis Aji wis perek, neng kulon kadipaten kutanegara.
Diceritakna neng wektu kuwe Ki Sandi
lan Nyai Sandi wis tekan neng umah Ki Mranggi. Dheweke nggoleti anake, karo
aweh ngerti tanda laire, Ki Mranggi ngerti kuwe Jaka Mruyung. Ki Mranggi
ngomong Jaka Mruyung lagi mlaku menyang Alas Pakis Aji. Langsung bae Ki Sandi
lan Nyai Sandi pamit lan nyusul Jaka Mruyung. Ing mlakune sing ngeseli, Ki
Sandi lan Nyai Sandi ngaso neng kali sing banyune bening lan Kemracak.mula,
daerah kuwe dijenengi Desa Kracak.
0 komentar:
Posting Komentar